 
				 
												 
												 
												
												Bebasan kaya ngenteni 
Udan ning mangsa ketiga 
Senajan mung sedela ora dadi ngapa 
Penting iso ngademke ati 
Semana uga rasane atiku 
Mung tansah nunggu tekamu 
Ra krasa setaun kowe ninggal aku 
Kangen, kangene atiku 
Aku sih kelingan nalika ing pelabuhan 
Kowe janji lunga ra ana sewulan 
Nanging saiki wes luwih ing janji 
Nyatane kowe ora bali-bali 
Ning Pelabuhan Tanjung Mas kene 
Biyen aku ngaterke kowe 
Ning Pelabuhan Semarang kene 
Aku tansah ngenteni kowe 
Semana uga rasane atiku 
Mung tansah nunggu tekamu 
Ra krasa setaun kowe ninggal aku 
Kangen, kangene atiku 
Aku sih kelingan nalika ing pelabuhan 
Kowe janji lunga ra ana sewulan 
Nanging saiki wis luwih ing janji 
Nyatane kowe ora bali-bali 
Ning Pelabuhan Tanjung Mas kene 
Biyen aku ngaterke kowe 
Ning Pelabuhan Semarang kene 
Aku tansah ngenteni kowe 
Semana uga rasane atiku 
Mung tansah nunggu tekamu 
Ra krasa setaun kowe ninggal aku 
Kangen, kangene atiku											
